Inspirasi Story - Menawi dipunraosaken langkung jeru, unen-unen menika ngemutaken kita bilih gesang punika namung sawetawis. Kados dene tiyang ingkang saweg lelampahan, kita namung mampir sekedhap, ngaso, ngunjuk, lajeng nerusaken perjalanan.

Mekaten ugi kita. Kita namung mampir ing donya. Wekdal ingkang kita gadhahi saben dinten sejatosipun minangka wekdal kanggé nindakaken lelampahan ingkang sae.

“Urip iku mung mampir ngombe” mboten namung ateges gesang punika cekak. Nanging ugi ngemutaken kita supados ngginakaken wekdal kanthi sae lan saestu.

Mumpung taksih dipunparingi wekdal kangge ngelampahi gesang, mangga padha ngginakaken wekdal kanthi becik.

Mboten namung pados bandha, pangkat, utawa keremenan wonten donya. Nanging ugi kedah nglumpukake kabecikan, ilmu, lan pengalaman sing saged dados bekal ing tembe mburi. 

Kadhangkala kita nganggep bilih gesang punika taksih dawa. Nanging wekdal saged lumampah kanthi cepet tanpa kita sadari.

Sing penting niku dudu sepira suwene kita urip, nanging sepira akeh kabecikan sing wis kita tinggalake sajrone urip.

*disampaikan oleh Mir Atus Sya'diyah, S.Pd.

Lebih baru Lebih lama